[Nusantara] "Kisondong Mandali" : Jawa
Ra Penak
edipur@hotmail.com
Fri Sep 13 11:13:00 2002
"Kisondong Mandali" : Jawa
JAWA LAN MODERNISASI
Akeh para ahli sing padha nguwatirake yen nilai-nilai
luhur kabudayan Jawa wektu iki wis kegerus dening
nilai-nilai modernisasi. Banjur ana sing duwe panemu
yen Jawa gagap ngadhepi arus modernisasi, lsp.
Wektu iki pancen arus modernisasi wis sumrambah sak
indhenging donya. Dadi sejatine ora kok mung Jawa bae
sing kesempyok ombak gedhe ing jaman globalisasi iki.
Gumantung kabudayan sing kasempyok iku duwe
nilai-nilai universal sing adhedhasar kesadharan
kosmis (kesemestaan, kesejagadan, sangkan-paran) apa
ora. Yen kabudayan asli pancen wis didhasari
kesadharan kosmis, nilai-nilaine ora gampang musna.
Mung bae mesthi owah nanging mesthi luwih sempurna
kayadene manut falsafah Pantarei sing ngandhake nek
samubarang kang ana tansah owah terus tumuju marang
kasampurnan.
Saka panemuku sing cubluk lan bisane mung candhak
kulak sak gaduke, kabudayan Jawa iku wis wareg lan
pinter anggone campuh karo kabudayan liya. Dene
nilai-nilai kesadharan kosmis ing kabudayan Jawa yen
ora sampurna ya nyleneh. Contone bab kalender Jawa
sing komplit petungan neptune. Utawa keyakinane yen
saben wong Jawa duwe sedulur papat wujut kakang kawah,
adhi ari-ari, getih, lan puser. Dianggep nyleneh,
mangga. Dianggep sampurna luhur ya kena.
Saka panemuku, anane wong Jawa nganti duwe etungan
njlimet ing kalendere ya saka pengalaman srawung karo
jagad (alam semesta) srana lahiriah (observasi lan
interaksi) lan laku batin (perenungan, meditasi) sing
wis lumaku ewonan tahun. Mula banjur bisa mangerteni
yen ana pengaruhe kabeh kang ing angkasa (bapa angkasa
: srengenge, lintang, rembulan) lan sing ing bumi (ibu
bumi : lemah, banyu, geni, lan angin) marang urip lan
panguripane manungsa. Mangga dipenggalih, nyleneh
apa malah luhur ?
Bab sedulur papat pancen akeh sing ora mudheng. Aku
dhewe uga gagap-gagap kepengin ngerti werdine.
Ewosemono mung gaduk ing bab nalar sethithik mangkene
:
Duk nalika ing kandhutan janin diparingi perangkat
kang njaga lan nyukupi kabutuhane wujute : kawah kang
njaga mapane janin ing tengahing kandhutan, ari-ari,
getih, lan puser tugase mroses suply sari makanan saka
ibu marang si janin. Kabeh perangkat mau urip nalika
ing kandhutan. Saben urip mesthi ana rohe lan roh iku
langgeng. Mula nalika bayi lahir kabeh perangkat
fisike mati nanging rohe isih banjur sajiwa (awor
misah) karo si bayi. Dene tugase nerusake apa sing
dadi tugase nalika ana ing kandhutan. Kakang kawah
njaga sentosaning urip, dene adi ari-ari, getih, lan
puser sing ngrewangi golek kabutuhane urip.
Kejaba sedulur papat kang tunggal metune saka
margaina, ana sedulur kang metu ora tunggal margaina
(bab iki aku durung mudheng) lan sedulur tunggal dina
kelairan. Yaiku kabeh anake titahing Hyang Agung sing
padha dina kelairane karo awake dhewe. Ing bab iki
banjur ana piwulang yen ora kena sawiyah-wiyah marang
sakabehing titah. Senajan wujut kewan apa
lelembut/gendruwo bisa uga ya sedulure dhewe. Kabeh
titahe Hyang Agung (Allah Swt.) kudu dianggep
sedulur/kanca dudu mungsuh. Lha sing mangkene iki rak
kesadharan humanisme sing luhur ta ?
R. Ng. Ranggawarsita nyerat Wirit Hidayat Jati sing
ngemot tuntunan nitisake pati. Ing seratane iku ana
tuntunan tatacara pisahan karo kabeh sedulur
sakdurunge kukut. Uga ana crita bab proses baline
jisim sing dikubur marang bumi kang uga disebutake
kurun wektune. Mula banjur ana slametan wiwit
surtanah (bedhah bumi), telung dina, pitung dina,
patang puluh dina, satus dina, setahun (mendhak
pisan), rong tahun (mendhak pindho), lan sewu dina
paripurnane. Kabeh slametan mau mengku karep kanggo
ngiringi baline barang gadhuhan (jisim) marang sing
duwe (Jagad, Alam Semesta).
Kanthi mangkono kabudayan etungan neptu (kalender).
nguri-uri sedulur papat, nylameti wong mati sejatine
duwe dhasar saka kesadharan kosmis (kesemestaan,
kesejagadan, sangkan-paran) sing nalar lan ora ngawur.
Adhedhasar kesadharan kosmis sing mangkono banjur
nuwuhake sawernaning kabudayan Jawa sing kalimputan
rasa mangeran (religius), keselarasan karo alam
semesta, lan nggayuh katentremaning bebrayan. .
Sethithik conto keyakinan sing urip ing kabudayan Jawa
wis nuduhake menawa kabudayan Jawa duwe dhasar
universal sing didhasari kesadharan kosmis kelas
wahid. Mula saka iku senajan wis pirang-pirang
kabudayan liya lumebu ora gampang ngowahi kabudayan
asline.
Jaman globalisasi iki ana arus mordernisasi sing
pengaruhe gedhe banget marang owah-owahan tata nilai
ing bebrayan. Nanging otot bayune wong Jawa wis
kisenan kabudayan sing wis ngoyod kuwat. Mula yen ana
owah-owahan tetep bae wong Jawa bakale tetep njaga
eksistensine oyoding kabudayan Jawa. Yaiku ngakoni
kuwasane Hyang Agung lan nengenake keselarasan lan
kerukunane sakabehing urip. (Religius & humanis
kosmis).
Saka wulet lan bandhele falsafah uripe wong Jawa
ndadekake tambah ngrebda lan ngrembaka nalika
diintervensi kabudayan liya. Dileboni Hindu, Buda,
lan Islam isih tetep ketok Jawa ora malih India, Cina,
utawa Arab. Mula aku duwe panemu senajan digiles lan
digerus modernisasi ora apa-apa. Malah-malah
modernisasi iku sing banjur bisa nerangake kanthi
nalar kabudayan Jawa sing ing wektu iki warga Jawa
dhewe padha ora mudheng. Bisa uga mengkone
modernisasi sing didominasi rasio malah ndadekake Jawa
saya moncer lan nduweni daya tarik kanggone wong sak
donya.
Duk nalika nampa modernisasi sing sepisanan saka
kabudayan Eropa (Landa), wong Jawa padha sadhar yen
butuh mardika saka penjajahan. Kanggo mardika butuh
kekuatan sing cetha ora kuwat yen diangkat wong Jawa
dhewe. Alesane penjajah Landa ngebroki sak
Nuswantara. Lan pengalaman sing wis ana nuduhake yen
perjuangan ngusir penjajah ora bisa kasil yen
ijen-ijenan. Coba disimak perjuangane P. Diponegoro,
Imam Bonjol, Teuku Umar, Sultan Hasanudin lan
liya-liyane. Malah-malah penjajah banjur ngedu
antarane sukubangsa ing Nuswantara. Banjur thukul
"semangat kebersamaan" sing prosese dawa nganti adege
Indonesia.
Adege Indonesia disengkuyung kabeh bangsa sak
Nuswantara lan Jawa melu andil. Dadine Jawa gelem ora
gelem kudu campuh awor nyawiji dadi Indonesia. Proses
campuh awor nyawiji iku isih lumaku nganti saiki. Ing
proses melebur iki wis mesthi bae ana nilai-nilai sing
cocog lan gampang campuh, nanging ana sing alot bisane
nyawiji. Nanging yen dipenggalih sing jero sing alot
iku bakale ya luntur lebur saka gedhene pengaruh
semangat meng- "Indonesia". Katandha generasi wong
Jawa saiki rata-rata luwih seneng nggunakake basa
Indonesia katimbang basa Jawa. Basa Jawa banjur
dipapanake dadi basa prosesi penting sing butuh
kabisan sing onjo. Kanthi mangkono ora nglalekake,
nanging mapanake sing luwih mulya. Semono uga busana
Jawa dipapanake luwih terhormat ing bebrayan.
Wektu iki Jawa wis dadi Indonesia lan ngadhepi arus
modernisasi. Owah-owahan cetha yen ora bisa dibendung
maneh. Watak wantu (karakter) Jawa dipeksa melu arus
modernisasi. Nanging aja dilalekake yen ta kudu
campuh keli ana sing ora ilang yaiku watak religius,
ngutamakake keselarasan alam, lan ngudi katentreman
bebarengan. Ya karakter dhasar telung perkara iki
sing mengkone malah bisa nglindhih modernisasi.
Ndadekake modernisasi duwe isi lan sadhar yen isih
lumaku ing donya. Padha dipenggalih bae ing wektu iki
meh saben negara maju duwe perguruan tinggi sing ana
jurusan Jawane. Ya ayo padha digencarake anggone
ekspor tata nilai Jawa warata sak donya. Paling ora
larasing swara gamelan Jawa sing mistis, magis,
kosmis, lan religius bisaa ditampa bangsa liyane.
Nuwun.
Nyuwun sewu basa jawaku wis kena erosi modernisasi lho
!.
Ki Sondong Mandali
_________________________________________________________________
MSN Photos is the easiest way to share and print your photos:
http://photos.msn.com/support/worldwide.aspx